Assalamu'alaikum Wr. Wb
Bismillahirahmanirrahim. Alhamdulillahi rabil'alamin. Asholatu wassalamu 'ala asrofil mursalin. sayyidina wamaulana muhamadin wa'ala alihi washohbihi ajmain, amma ba'du.
Dhumateng Kepala SMP N 14 Purworejo, inggih Ibu Siti Anifah, M.Pd, ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak Pengurus Komite SMP N 14 Purworejo ingkang dahat kinurmatan. Bapak-bapak, Ibu-ibu tiyang sepuh utawi siswa kelas IX ingkang kula urmati. kanca-kanca kelas IX, ingkang kula urmati. kanca-kanca kelas IX lan Adik-adik kelas VII, VIII. ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula dhereaken tansah monjuaken raos sukur wonten ngarsa gusti Allah ingkang maha mirah, Awit saking sih nugraha ingkang sampun kaparingaken, dhumateng kula lan panjenengan sedaya katitik ing kulodhangan punika kita bisa saged kempal manunggal kanthi wilada, rahayu, wilujeng.
Sagung para rawuh para Pilenggah ingkang dahat kinurmatan. nyuwun pangapunten kula camanthaka ngadeg lan matur ing ngarsa panjenengan sama minangka sulih sarira kanca-kanca Kelas 9 kinen matur pamit dhateng para rawuh samudayanipun.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Mekaten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur kula nyuwun pangaksami. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Bagikan
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa
4/
5
Oleh
Unknown




Untuk menyisipkan kode pendek, gunakan <i rel="code"> ... KODE ... </i>
Untuk menyisipkan kode panjang, gunakan <i rel="pre"> ... KODE ... </i>
Untuk menyisipkan gambar, gunakan <i rel="image"> ... URL GAMBAR ... </i>